Atom

Atom hèliyum
Helium atom ground state.
Helium atom ground state.
Ilustrasi atom hèliyum kang nuduhaké inti atom (abang nom) lan distribusi awan èlèktron (ireng). Inti atom (tengen ndhuwur) awangun simètris bunder, kanggo inti atom kang luwih rumit ora tansah kaya mangkono.
Klasifikasi
Ékan paling cilik unsur kimia
Sipat-sipat
Kisaran massa: 1,67 × 10−27 nganti tekan 4,52 × 10−25 kg
Muatan listrik: nol (nétral) utawa momotan ion
Kisaran diameter: 62 pm (He) nganti tekan 520 pm (Cs)
Komponèn: Èlèktron lan inti atom kang dumadi saka proton lan neutron

Atom ya iku ékan dhasar matèri, kang kasusun saka inti atom lan uga èlèktron minangka momotan négatif kang ngubengi.[1] Inti atom kasusun saka proton kang muatané positif, lan neutron kang muatané nétral.[1] Èlèktron-èlèktron kang ana ing siji atom kajiret ana ing inti atom déning gaya èlèktromagnètik.[1] Sakumpulan atom iku bisa gegandhèngan siji klawan liyané lan minangka siji molekul.[1] Atom kang ana kandhutané proton lan èlèktron kang padha sipaté nétral, déné kang duwÉ kandhutan proton lan èlèktron kang béda sipat positif utawa négatif lan dijenengi ion.[1] Atom diklompokaké miturut gunggung proton lan neutron kang ana ing inti atom iku.[1] Gunggung proton ana ing atom nentokaké unsur kimia atom iku, lan jumlah neutron nentukaké isotop unsur iku. [1] Istilah atom asalé saka Basa Yunani (ἄτομος/átomos, α-τεμνω), kang tegesé ora bisa ditugel utawa ora bisa dibagi-bagi.[2] Konsèp atom dadi komponèn kang ora bisa dibagi-bagi manèh pisanan diajokaké déning filsuf India lan Yunani.[2] Ana ing abad kaping 17 lan kaping 18, para kimiawan nentokaké dhasar-dhasar pamikiran iki kanthi nuduhaké siji dat-dat kang ora bisa dibagi-bagi manèh nganggo métodhe-métodhe kimia.[2] Nganti tekan pungkasaning abad kaping 19 lan wiwitan abad kaping 20, para fisikawan bisa nemu struktur lan komponèn-komponèn subatom ana ing sajeroné atom, iki mbuktèkaké yèn atom dudu ora bisa dibagi manèh.[2] Prinsip-prinsip mékanika kuantum kang digunakaké para fisikawan banjur bisa gawé modhèl atom.[2]

  1. a b c d e f g Gangopadhyaya, Mrinalkanti (1981). Indian Atomism: History and Sources. Atlantic Highlands, New Jersey: Humanities Press. ISBN 0-391-02177-X. OCLC 10916778.
  2. a b c d e Haubold, Hans; Mathai, A. M. (1998). "Microcosmos: From Leucippus to Yukawa". Structure of the Universe. Common Sense Science. Diarsip saka sing asli ing 2008-10-01. Dibukak ing 2008-01-17.

Developed by StudentB